Posts

TARI GAMBYONG

Tari Gambyong  punika salah satunggaling tarian klasik Jawa saking Surakarta, dipun tampilaken kangge pertunjukan utawi nyambut tamu. Tari Gambyong kadhapuk saking manéka koreografi, ingkang paling misuwur inggih punika Gambyong Pareanom lan Gambyong Pangkur, sanadyan sedaya jinisipun gadhah gerakan dasar ingkang sami saking tarian tayub/tlèdhèk. Wiwitanipun kaggé penari tunggal, samenika asring dipun tampilaken déning sawetawis penari. Sejarah: - Ing Serat Centhini, gambyong kapratelak minangka tarian tlèdhèk. - Ing jaman Pakubuwana IX, KRMT Wreksadiningrat ngluhurna tarian punika kanggé kalangan bangsawan. - Wonten taun 1950, Nyi Bei Mintoraras mbakukan Gambyong Pareanom, kapisan dipun tampilaken wonten ing pèngetan pèngetan Gusti Nurul. Gerak Tari: - Terdiri saking tiga bagian: awal, isi, lan akhir. - Gerakan utami dumunung wonten ing sikil, tangan, awak, lan sirah, kanthi pandhangan mripat ngiringi gerakan tangan lan sikil ingkang harmonis. Penggunaan: - Wiwitanipun kanggé upa...